Pages

Friday, November 29, 2013

BACA baca>>PIDATO BAHASA JAWA"SUMPAH PEMUDA"


HALLO CREAFRIEND...
buat temen-temen yang mau pidato,apalagi yang berbahasa jawa.nggak usah bingung2 cari kesana-kemari,di sini ada....dijamin kualitas bahasa jawanya,soalnya menggunakan kromo alus...pasti terdengar santun....udah deh,,check it dot...


PIDATO BAHASA JAWA"SUMPAH PEMUDA"
OLEH:MUHAMMAD FEBTIAN SYAH PUTRA

PIDHATO BASA JAWI
PENGETAN DINTEN SUMPAH PEMUDHA

Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh.
Bismillahirrohmanirrohim,Alhamdulillahirobbil alamin
Asshalatu wassalamu’ala ashrafil anbiya’I walmursalin
Wa’ala  alihi washohbihi ajmain,amma ba’du

Ingkang kawuka kurmati,Bapak H.Saroni,Kepala SMPN 1 Genteng,
Ingkang kawuka kurmati,Bapak Ibu dewan guru SMPN 1 Genteng,
Saha rencang-rencang siswa kelas 7,8,lan 9 ingkang kawula tresnani.

Kaping pisan,sumangga kita sedaya ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT.Ingkang Maha Agung.amargi sampun tansah paring rahmat lan hidayah,sa-
hingga ngantos wekdal punika,kita sedaya saged makempal dhateng adicara dinten Sumpah Pemudha.

Kaping kalih,kula aturaken matur sembah nuwun dhumateng panjenengan sedaya ing-
kan sampun tansah lan sudi tindak dhateng adicara punika.wonten ing adicara punika,
kula ajeng ngaturaken sesorah bab sumpah pemudha.kula lan panjenengan sedaya samp-
un mangertosi bilih wonten tanggal 28 Oktober,Bangsa Indonesia mengeti dinten sumpah pemudha.inggih salah sawijining prastawa sacral ingkan dados tuladha dhumateng kula lan panjenengan sedaya bilih Bangsa Indonesia punika bangsa ingkang  anggadhahi semangat berjuang,semangat nyawiji Bhineka Tunggal Ika,nganthi dados bangsa ingkang mardika.wonten tanggal 28 Oktober 1928,para pemudha ngikrarake janjinipun dhumateng Bangsa Indonesia.ngaku bilih wonten setunggal basa persatuan inggih menika Basa Indonesia,setunggal tanah air inggih menika Tanah Air Indonesia,lan setunggal bangsa inggih menika Bangsa Indonesia.ajeng ndadosaken Bangsa Indonesia dados bangsa ingkang kiyat lan nyawiji,sahingga mboten wonten malih ingkang saged njajah Bangsa Indonesia.

Sakniki,Bangsa Indonesia sampun mardika.sumangga kita sedaya tetep anggadahi semangat kados para pemudha kadosing taun1928 mawi cara piyambak-piyambak.sumangga kula lan panjenengan sedaya sami supados ngisi kamardikan menika kanthi semangat makarya ingkang sae,sahingga Bangsa Indonesia saget dados bangsa ingkang maju lan makmur.

Para lenggah ingkang kawula kurmati,menika sekedhik ingkang saged kawula aturaken.mbok bilih wonten atur kula ingkang galap gangsule,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wabillahi taufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum wr.wb.

0 comments:

Post a Comment